Ibadah iku di kelompokake dados 4 (sekawan) werna. Sekawan kolowau
antawis ipun :
1) Ibadah qolbiyah (ibadahe ati), badan mungkin boten gerak,
bondo boten di dalno.
Conto :
Badan mungkin lenggah wonten kursi, nyekel bolpen, ngeladosi
tamu, nangging ati krentek “Allah x3”. Kelawan Dzikir khofi. Iki diarani
ibadah qolbiyah (ibadahe ati).
Badan mungkin ngadek ing pinggir laut, pandangan jauh ke tengah
laut, pikiran takjub kelawan hebate laut, selalu bergelombang tanpa
henti, ati dzikir “Subhanallah dst”. Yen laut begitu hebat, sing gawe laut
mesti luwih hebat maleh, sinten iku “gusti Allah”.
2) Ibadah maliyah (ibadah ingkang sarana nipun ngangge bondo),
ati mungkin boten patoso krentek, badan mungkin kurang gerak.
Conto ;
Badan mungkin leyeh-leyeh nonton TV, karo ngunjuk kopi,
nangging bandane mlampah dibagiake maring maring fakir miskin,
yatim-piatu. Iki jenenge ibadah Maliyah (ibadah nganggo bondo).
Ibadah maliyah iku wonte
- Zakat
- Infaq
- Shadaqoh
- nafkah
3) Qolbiyah, badaniyah lan maliyah (ibadah ingkang sarana nipun ati, badan lan bondo donyo), ketiga-tiganipun kedah mlampah sareng, tanpa mlampah sareng ibadah kasebat boten saget terwujud. Kados dene ibadah Haji.
Haji kedah niyat, badan kedah kuat, lan uga butuhake ragat. Ketiga-tiganipun kedah mlampah sareng. Niyat sak rasan, badane boten kuat, akhire boten saget berangkat. Gadah Niyat, badan kuat, nanging boten gadah ragat. Akhire melamun madep ngulon. Haji kedah ngangge niyat, badan kedah kuat, lan uga butuhake ragat. Iki jenenge ibadah qolbiyah, badaniyah lan maliyah.
4) Ibadah Qolbiyah badaniyah (ibadah ingkang butuh sarana ati, lan badan), atine niyat, badane kuat. kados dene poso Ramadlan ingkang sampun kita lampahi dugi 5 dinten niki.
Syiyam Ramadlan kedah nginepake niyat. Maksude niyate ing wektu ndalu (sakdurunge subuh) ; “Nawaitu shouma ghodin an ada`i fardli syahri Ramadloni hadihis sanati fardlol lillahi ta’ala”. Badane kedah kuat.
Mila, Dipun ngedikaaken deneng Imam Abu Qosim wonten ing kitab Taqrib :
وَشَرَائِطُ وُجُوْبِ الصِّيَامِ أَرْبَعَةُ أَشْيَاءَ الْإِسْلَامُ وَالْبُلُوْغُ وَالْعَقْلُ وَالْقُدْرَةُ عَلَى الصَّوْمِ
Syarat wajib ngelakoni poso Ramadlan punika 4 (sekawan) :
1) Islam, (yen gak islam boten wajib poso, enak gih !… neng siap-siapo mlebu neraka), lha, opo tandane muslam? pun Maos syahadat ….,
2) Baligh, (yen iseh cilik, durung baligh durung wajib poso, umpomo poso nembe latihan). Tandane baligh, Yen lanang tandane wis injakulasi/ ngimpi metu mani, umure kiro 15 an tahun. Yen wedok wis menstruwasi/ datang bulan, umure kiro 9 an,
3) Duweni akal, yen ora duwe akal gak wajib poso, wong edan gak wajib poso. enak gih ! … edano…., lan
4) kuat poso.
رُفِعَ الْقَلَمُ عَنْ ثَلَاثَةٍ عَنْ النَّائِمِ حَتَّى يَسْتَيْقِظَ وَعَنْ الْمَجْنُونِ حَتَّى يُفِيْقَ وَعَنْ الصَّبِيِّ حَتَّى يَبْلُغَ (رواه
أبو داوود)
Miturut Imam Abu Qosim wonten ing kitab Taqrib ipun, wonten tiyang 4 (sekawan) ingkang kenggeng mukak (boten poso Ramadlan)
وَالشَّيْخُ إِذَا عَجَزَ عَنِ الصَّوْمِ يُفْطِرُ وَيُطْعِمُ عَنْ كُلِّ يَوْمٍ مُدًّا وَالْحَامِلُ وَالْمُرْضِعُ إِنْ خَافَتَا عَلَى أَنْفُسِهِمَا أَفْطَرَتَا وَعَلَيْهِمَا الْقَضَاءُ وَإِنْ خَافَتَا عَلَى أَوْلَادِهِمَا أَفْطَرَتَا وَعَلَيْهِمَا الْقَضَاءُ وَالْكَفَّارَةُ عَنْ كُلِّ يَوْمٍ مُدٌّ وَهُوَ رِطْلٌ وَثُلُثٌ بِالْعِرَاقِيِّ وَالْمَرِيْضُ وَالْمُسَافِرُ سَفَرًا طَوِيْلًا يُفْطِرَانِ وَيَقْضِيَانِ
Tiyang sepuh ingkang sampun boten kuat poso, kenggeng boten poso nangging kedah bayar fidyah, saben ninggal sedino diganti fidyah 1 mud ( 6 on )
- Wadon hamil utawa nyusoni, kenggeng boten poso nangging kedah mengqodlo`, lan yen khawatir kaliyan kesehatane bayine ditambah saben ninggal sedino diganti fidyah 1 mud ( 6 on )
- Tiyang sakit, lan
- Tiyang lelungan, kenggeng boten poso nangging kedah mengqodlo`,
Kyai Muhammad Alfan
Tinggalkan Balasan